Jumat, 30 Desember 2011

ILMU KANG NYOTO

BAB I

Ilmu iku angele yen durung ketemu , kamongko ketemune ilmu iku mowo laku, lakune ilmu iku manut ilmu opo kang disinau. Manungso perlu ngudi marang ilmu, sebab manungso kang ora darbe ilmu rugi uripe lan asor drajate. Gusti Allah bakal paring ilham marang manungso kanthi ilmu sing temen-temen disinau. Laku kang utomo yoiku kang biso njogo tutuk (lesan), kang tansah biso gawe seneng(resep), lan tentreme atining liyan lan ora seneng gawe ontran-ontran lan kerusakan. Kudu ngungkurake sifat sombong lan ojo demen marang pangalembono, tamak lan riya.

Saben manungso mesthi darbe akal, pikiran lan perasaan kang kasebut cipto, roso lan karso. Cipto lan roso dumunung ono ing alam bebuden ono ing ati, karso dumunung ono ing alam gerak (solah bowo) kang dumunung ing ponco indriyo. Kalamun manungso tansah dhemen ngolah marang cipto lan roso ngereh ing karso, mulo manungso bakal dadi manungso waspodho lan wicaksono. Nadyan manungso kang wus akeh umure nanging yen ora dhemen mriksani roso ing kono manungso kaaran lir sepah asamun pindho ampas mbrabas, kalamun tebu ilang roso legine kari sepahe ora ono gunane. Malah-malah wus tuwo pikun, kolo mangsane ono ing pasamuwan sok gonyak ganyuk gunemane mung tansah anglenglingsemi. Amergo sopo ?.....

Amergo amung anut karsaning priyonggo, yen ngomong datan kapikir ing sebab lan akibat ing tembe mburine. Karmane amung tansah ginunggung kepingin ugungan sakdino-dino anggunge andedhukur ngelantur pindho kukilo kang kaimbo-imbo, ora gelem yen kaaran balilu rumongso pinter, rumongso ngerti, yen ngomong mung asal ombo gumaleger ngebaki papan koyo tenan-tenano. Kaumpamak-ke pindho guo katiyupan samirono suwarane medeni utowo mirisake atine sing krungu. Datan gelem ngalah, datan gelem kabantah ora genah, mung kakehan cacah nglantur tanpo wewatesan lan wewatonan. Seneng ngomong sing ora-ora lan aneh-aneh, kolo mangsane ora biso di tompo akal lan nalar. Gayane koyo profesor sing pinter kang wus mumpuni marang ing kawruh, awatak sombong seneng ngobral kondho kang ngoyoworo mung dhemen pangalembono.

Kahanan kang koyo mangkono iku biso kaarani urip kang muspro lan rusak , daran mangerti marang tumindak koyo bocah cilik mung seneng aleman nanging yen ono boyo pekewuh embuh ora weruh, atine susah gelisah ngendel-ngendelake wong tuwane, dumeh wong tuwane duwe pangkat, drajat, kekuasaan lan kedudukan kamongko awake dewe kosong mlompong ora darbe opo-opo. Sifat manungso kang koyo mangkono iku manungso kang mamang, katitik soko pangomongane ora gelem ngalah kudu menang lan numpang yen berdebat nganggo debat kusir yen ngomong mung waton ngomong ananging ora tau omong ngganggio wewaton. Seneng ngeremehke liyan, ngendel-ngendelke jimat kemat awatak hadigang, hadigung lan hadiguno.

Hadigang: Watake gajak, ngendel-ngendelake karosanane,
Hadigung: Watake wong sugih, ngendel-ngendelke sugihe utowo bandane,
Hadiguno: watake ulo kang mandi wisane, ngendel-ngendelake wisane.

Kamongko kang diarani jimat iku mung kaumpomoake wedak pupur sing nempel ono ing rai yen kausap bakal ilang datan langgeng utowo abadi.

Kepiye to sejatine sifat manungso kang waspodho lan wicaksono?...Wong kang waspodho lan wicaksono iku manungso kang tansah nggegilut marang ing kawruh kautaman lan anggenggulang ing saliring ilmu kang nyoto kanggo doyo tumekaning delahan. Mulo kang waspodho lan wicaksono iku lire datan keweran obah ing rening kahanan, anane agawe reseping priyonggo lan wong liyo. Sebab tansah mersudi marang kautaman jati, tumuju marang karahayon amung kepingin memayu hayuning bawono, sainggo biso agamuh mring Ywang Suksmo Kawekas, ing mangkono bakal biso momor pamoring sawujud

Manungso waspodho lan wicaksono ndarbeni sifat sabar, iklas lan narimo. Sabar nadyan kaolo-olo lumuh (gelem) kaarani balilu katompo kanthi iklas lan legowo datan mbantah, datan wegah, malah reko-reko bodho (balilu) ngaku yen isih cubluk ing kawruh. Ora gelem mbantah dongengan-dongengan lan omongan-omongan sing aneh-aneh sing ora biso katompo marang akal lan nalar. Gunane sing bodho supoyo ora lingsem lan ora ketoro bodhone. Sifat manungso kang mangkono tansah seneng, tentrem lan ayem nduwe ulat sumeh sugih pangapuro marang sakpodho-podho, welasan, dhemen srawung marang sakpadhane urip sopo wae, ora mbedak-mbedakke, suku, bongso, golongan, pangkat, drajat, sugih lan mlarat. Keno diparibasaake, biso ajur-ajer, mancolo putro mancolo putri, momod, momong, lan momor.

Kanggo ningkatake urip kang mulyo kudu darbe ati sing suci lan ati kang berbudi bowo laksono utowo ati segoro. Ati kang suci iku bakal tumus marang pambudi kang bener lan pener, bakal antuk kanugrahan soko Ywang Agung. Carane supoyo antuk ati kang suci dhemeno merguru marang kang bener-bener wus pono (ngerti) ing kawruh, ngerti marang ing hukum, tuhu marang ing agomo, sugih ing ngawiryo, jumbuh lahir lan batine, syukur antuk guru kang isih turunane ratu utowo pandhito kang dhemen tarakbroto, ojo siro dhemen merguru marang guru kang seneng ngolah marang ilmu joyo kawijayan, kasantikan lan kanuragan awit bakal biso nyengsaraake donyo tumekaning aherat. Utowo syukur yen antuk guru kang biso nuduhake asal mulo niro pribadhi sakora-orane ngerti kamulyaning urip lan katentreman.

Nyinau marang ilmu kang koyo mangkene pancen akeh godho lan rubedo yen ora tabah malah biso dadi sengsoro lan rekoso. Opo maneh ilmu kang ngarah gaib, kang angarah ilmu kang ora kasat moto kudu wani tirakat lan khilawat. Megeng napas, ngatur napas, ngadohi sesirik manut-miturut opo aturane ngendaleni utowo ngekang howo lan napsu, kalamun biso mangkono kaaran wong tuwo kang tuwuh. Nadyan durung tuwo manungsane nanging wus tuwo panggraitane utowo pamikirane. Sebab dumununging ilmu iku sejatine ora mandang akehe umure, ora mandang marang drajat lan pangkat utowo titel-e opo maneh bondho donyo. Nanging dumunung ono wong kang antuk kanugrahan, lan manungso kang dhemen olah topo broto kang tansah ngendaleni marang napsu aluamah, amarah lan supiyah lan ugo kang mangerteni sing nitahake lan sing di titahake, sing nguwasani lan sing dikuwasani, sing murbo wiseso lan sing kapurbo. Manungso kang koyo mangkono iku wus kapacak ing pangandikane poro winasis, kang unine mangkene:
"Tan samar pamoring suksmo sinumoyo wahyuning asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warono tarlen saking liyep alayaping aluyup pindho pesating sumpeno, sumusuping roso jati" .

Dadi datan was-was marang ciri (citraning) manungso kang katitahake ing ndonyo kang mowo suksmo peparinging Ywang Manon. Sebab wus karasukake jroning ati (kalbu) lan dihayati kanthi nyoto, karo nindakake semedhi ing wektu kang soyo sunyi. Mulo cirining (citraning) suksmo kawistiro wektu semedhi ing antraning. Sadar (eling) lan setengah sadar koyo-koyo wektu ngimpi nanging eling kabeh kang mangkono lumebu ing jroning roso ati. yen siro biso nindakake kanthi tumemen bakal antuk kanugrahaning pangeran, bakal bali marang alam kalanggengan bali marang asal niro pribadhi, ing kono bakal ketemu cahyo kang sumunar, dudu cahyaning jagat gumelar. Ananging siro kudu wani ngedohi marang kadonyan, awit kahanan ing ndonyo iku tansah gawe miris, tansah gawe mungsuh-mungsuhan, agawe resah, bingung, tangis, guyu, bungah lan susah. Opo maneh marang babagan bondho donyo kang saben dino tansah diupoyo nanging yen datan biso ngatur malah dadi mungsuh kalamun biso ngatur dadi mulyo lan raharjo ing donyo kasembadan opo kang kagayuh jinongko opo kang kasedoyo.

Akeh manungso kang kayungyun marang bondho datan idep marang tumindak nistho. Kadangkolo amargo bondho dadi kleru, nrajang angger-angger, mulo manungso kang koyo mangkono iku dadi peteng paningalane, peteng nitraning batin pindho sato kewan, uripe ing tembe bakal maharayongyong, nglambrang suksmane pindho kinjeng mabur kang tanpo soco, lir mego katiyup ing samirono kabuncang mrono , kabuncang mrene datan ono mandeg-e, sainggo kasikso amargo mung anut lakuning roso rumingso rikolo ing ndonyo. Mulo siro ojo mung podho rebutan daging bosok saumpamane kang bakal dadi racuning pribadhi. Kelingono pituture wong tuwo:
"Ojo dhemen siro ngepenakake rogo, urip kang adus bondho donyo ajibar-ajibur amburuwah lamun siro kabanjut ing tembe, badaniro mung bosok dadi lemah, sakolo suksma niro dadi sengsoro lir kinjeng mabur kang tanpo soco, ananging yen siro nindakake laku kang utomo embuh dadine ing tembe mburi".
Mulo siro nulad-o marang poro ulomo kang luhur bebuden-e kang tansah manekung ing Ywang Widhi, amung anut roso kang sawiji, kepingin anuju marang pangastuti. Pancen kanggo nggayuh urip kasunyatan iku manungso kudu mbudi doyo, nyambut gawe manut bakat lan kemampuane lan ndedongo kanthi ati kang madhep lan mantep. Salahe dewe kalamun manungso ora gelem ngutamakake marang pokok-pokoking urip ing alam ndonyo kamongko syarate kasunyatan iku ono patang perkoro, yoiku:
1. Brayat
Brayat wredine keturunan, manungso tanpo brayat (keturunan) bakal sengsoro tinemu ing tuwo, ananging yen duwe brayat datan kawulang wuruk bakal nemahi neroko.

2. Semat
Semat wredine bondho donyo, manungso tanpo bondho donyo dadi wong kang miskin, tansah kesurang-surang uripe mokal yen biso heneng lan hening anggone maneges marang Gusti Kang Moho Kuwoso.

3.. Derajat/Pangkat
Derajat/Pangkat wredine kalungguhan, kalamun manungso datan antuk kalungguhan, manungso ora nduweni wibowo lan ora pinercoyo ing liyan. Nanging yen kalungguhan iku kanggo tameng marang pribadhi biso ugo malah dadi nistho.

4. Keramat
Keramat wredine kanugrahan, manungso kang antuk kanugrahan yen biso anggon niro mapanake bakal dadi mulyaning asmo lan roso.

Mulo patang perkoro iki ojo kongsi anggoniro ngupadi, yen siro datan antuk siji-sijio, urip siro bakal muspro tanpo rego pindho godong jati aking, ing tembene mung tansah ngrentah tanpo genah.
(Pangripto: Koh Lee)

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls