Rabu, 10 Maret 2010

SASMITANING GHAIB

Sampun kawiyak warananing jagad
Datan maleh hawujud pralampita sakawit
Datan saget kadunungaken ing budi pra kawulo
Sabab handulu kahanan kamot ing sanepan
Pramila kawedar soho kagunggung sampun
Sadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran bumi
Kasaput bramantyaning Sang hyang hanantobogo
Mesu brata sampun badar ing pasepening pratapan

Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto hanitih estitama
Katemah taksih karsa sesinglon rupa hambawur kawulo
Bumi loka taksih kebak ing waspa
Tanah djawi kalimput ing prahara
Lamun sadya piwulang luhur pra wasis datan kapidangetaken
Ajaran suci pra wiku lan ulama datan kaprungu sampun
Ujaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulama
Datan maleh kuwawa hambasuh budi candolo

Ambeg angkoro datan saget kagondoli
Duh, jagat kuwasaning Gusti
Pra dasih kadya selo brakiti hamawur tetangisan
Katyoso saget kaprungu ing monco
Lumarap ing waspa hanyaput sadya tentreming manah pra dasih
Ing wetan brang pernahe
Lumarap tapel wates gelang lan kuriphan
Bumi blumbangan bakale katrajang ing mayangkara

Nusa kembini bakalan hanglangut ing sepi
Rinakut dening agni soko yomani
Pra taruna gyo rangkut tumandang
Gugur gunung gyo sabiyantu
Lamun welas adedasar asih tanpa pamrih
Tumuju ing prasetyoning karahayoning bawono
Pralampita kasebat sampun, tutuping warso gyo kinanti
Gunggunging layon datan kapetung

Wusana kinaryo tumbal gyo Hyang Batara Kala
Sinengker sampun lakuning jagad kadulu
Datan sadengah titah gyo purna mratelakaken kang dumugi
Lamun datan titah pujangkara kasihing Gusti
Mesti bakal katalumpen soho kasiku
hamedar sasmitaning alam sunyaluri
kasebat sastra jendra hayuningrat
Lamun taksih karsa ing pepemut

Lamun taksih eling ing pepeling
Lamun taksih setyotuhu mring piwulanging werda suci
Lamun taksih kadunungan cahyaning Gusti
Mrih rahayu ing tindak dumugi
Tansah emut sasmitaning kang simandi
Tutup babagan hawa sanga mesu budi olah semedi
Tansah manuwun pangayoman saking Gusti
Tansah waspada mring lakuning tirta ubaling agni angkara

Laju kiprahipun bayu bakale
Gyo hamikut bebanten dumugi
Wadya bala bregasakan gyo kembul bujana handra wina
Handulu waspa soho panandaning pra kawulo
Wong tua kang kecalan atmojo
Kanoman podo liwung kapengat dening asmara
Rerantaning bocah kang katilar wong tuwo dadi kunarpo
Eling den eling…….

Gelar sepapan barisaning pra lampor hambrakut kidul pernahe
Padjajaran bumi pinangko pambukaning pepemut
Tutuping warso pinangka madyaning lampah nampi pacobi
Lamun taksih kadunungan daya iman sejati bakale adoh ing bilahi
Tapel wates gelang, kuriphan lumeret wetan bumi Blumbangan
Jinangka Nusa Kembini bakale kapiran ing bilahi
Bumi Klungkung manggih rahayu
Kalis ing rubedo, kalis ing bebendu

Wusananing oncating Sang kala,
Katitik ing pucuking Sapta renggo
Sang Nata gyo jumangkah,
Nungkulaken kyai sidem kayom
Pinayungan songgsong tunggul naga,
Kaderekaken sang Ismoyo
Gyo luwar sadya panandhang,
Oncat kapracondang pra wadya begasaan

Gyo sumingkir podo tinggal glanggang
Kasoran pamoring sang nata
Bumi djawi rahayu kinanti ing dumugi
Lamun katumbalan iklhas ing budi
Gyo bali minturut dawuh
Soho piwulang ing werda suci
Sakawit sadya puniko
Hamung kinaryo hangunduh wohing pakarti

Tansah ngunjuk syukur mring Ilahi
Saperlu rahayu awak mami
Sabab tanpo rowang sanak kadang bakale ngrewangi
Manowo taksih nandang pacobi
Hamung Iman soho setyo ing janji
Mring dawuhing guru sejati bakale bisa
Wujudake manunggaling kawula Gusti
Inggih puniko margi ingkang bakale nyentosani

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls