Selasa, 16 Maret 2010

SERAT WEDHATAMA

Karya : Mangkunegara IV

PUPUH I

P A N G K U R

01

Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.

02

Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.

03

Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .

04

Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.

05

Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.

06

Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.

07

Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon agama suci.

08

Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.

09

Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.

10

Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.

11

Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.

12

Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.

13

Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.

14

Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.

PUPUH II

S I N O M

01

Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.

02

Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.

03

Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.

04

Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.

05

Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.

06

Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.

07

Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.

08

Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.

09

Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.

10

Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.

11

Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.

12

Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.

13

Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.

14

Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.

15

Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta, tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.

16

Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.

17

Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.

18

Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.

PUPUH III

P U C U N G

01

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara.

02

Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.

03

Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marto tama.

04

Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira.

05

Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.

06

Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.

07

Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.

08

Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kaanane nora beda.

09

Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata.

10

Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut triprakara.

11

Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa nalangsa srahing Batara.

12

Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya si mudha mudhar angkara.

13

Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng betah nganiaya.

14

Sakeh luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe gada.

15

Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

PUPUH IV

G A M B U H

01

Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.

02

Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

03

Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.

04

Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.

05

Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.

06

Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.

07

Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.

08

Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.

09

Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.

10

Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.

11

Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.

12

Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati, atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.

13

Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi, lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.

14

Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling, Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.

15

Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.

16

Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.

17

Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.

18

Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.

19

Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa awor.

20

Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.

21

Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.

22

Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.

23

Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.

24

Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.

25

Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.

26

Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila ambeh sadu, weruh wekasing dumados.

27

Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.

28

Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.

29

Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.

30

Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.

31

Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.

32

Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.

33

Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.

34

Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.

35

Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.

PUPUH V

K I N A N T H I

01

Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.

02

Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

03

Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.

04

Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

05

Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.

06

Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.

07

Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.

08

Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.

09

Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.

10

Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.

11

Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.

12

Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.

13

Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.

14

Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.

15

Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.

16

Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.

17

Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.

18

Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

Rabu, 10 Maret 2010

SASMITANING GHAIB

Sampun kawiyak warananing jagad
Datan maleh hawujud pralampita sakawit
Datan saget kadunungaken ing budi pra kawulo
Sabab handulu kahanan kamot ing sanepan
Pramila kawedar soho kagunggung sampun
Sadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran bumi
Kasaput bramantyaning Sang hyang hanantobogo
Mesu brata sampun badar ing pasepening pratapan

Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto hanitih estitama
Katemah taksih karsa sesinglon rupa hambawur kawulo
Bumi loka taksih kebak ing waspa
Tanah djawi kalimput ing prahara
Lamun sadya piwulang luhur pra wasis datan kapidangetaken
Ajaran suci pra wiku lan ulama datan kaprungu sampun
Ujaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulama
Datan maleh kuwawa hambasuh budi candolo

Ambeg angkoro datan saget kagondoli
Duh, jagat kuwasaning Gusti
Pra dasih kadya selo brakiti hamawur tetangisan
Katyoso saget kaprungu ing monco
Lumarap ing waspa hanyaput sadya tentreming manah pra dasih
Ing wetan brang pernahe
Lumarap tapel wates gelang lan kuriphan
Bumi blumbangan bakale katrajang ing mayangkara

Nusa kembini bakalan hanglangut ing sepi
Rinakut dening agni soko yomani
Pra taruna gyo rangkut tumandang
Gugur gunung gyo sabiyantu
Lamun welas adedasar asih tanpa pamrih
Tumuju ing prasetyoning karahayoning bawono
Pralampita kasebat sampun, tutuping warso gyo kinanti
Gunggunging layon datan kapetung

Wusana kinaryo tumbal gyo Hyang Batara Kala
Sinengker sampun lakuning jagad kadulu
Datan sadengah titah gyo purna mratelakaken kang dumugi
Lamun datan titah pujangkara kasihing Gusti
Mesti bakal katalumpen soho kasiku
hamedar sasmitaning alam sunyaluri
kasebat sastra jendra hayuningrat
Lamun taksih karsa ing pepemut

Lamun taksih eling ing pepeling
Lamun taksih setyotuhu mring piwulanging werda suci
Lamun taksih kadunungan cahyaning Gusti
Mrih rahayu ing tindak dumugi
Tansah emut sasmitaning kang simandi
Tutup babagan hawa sanga mesu budi olah semedi
Tansah manuwun pangayoman saking Gusti
Tansah waspada mring lakuning tirta ubaling agni angkara

Laju kiprahipun bayu bakale
Gyo hamikut bebanten dumugi
Wadya bala bregasakan gyo kembul bujana handra wina
Handulu waspa soho panandaning pra kawulo
Wong tua kang kecalan atmojo
Kanoman podo liwung kapengat dening asmara
Rerantaning bocah kang katilar wong tuwo dadi kunarpo
Eling den eling…….

Gelar sepapan barisaning pra lampor hambrakut kidul pernahe
Padjajaran bumi pinangko pambukaning pepemut
Tutuping warso pinangka madyaning lampah nampi pacobi
Lamun taksih kadunungan daya iman sejati bakale adoh ing bilahi
Tapel wates gelang, kuriphan lumeret wetan bumi Blumbangan
Jinangka Nusa Kembini bakale kapiran ing bilahi
Bumi Klungkung manggih rahayu
Kalis ing rubedo, kalis ing bebendu

Wusananing oncating Sang kala,
Katitik ing pucuking Sapta renggo
Sang Nata gyo jumangkah,
Nungkulaken kyai sidem kayom
Pinayungan songgsong tunggul naga,
Kaderekaken sang Ismoyo
Gyo luwar sadya panandhang,
Oncat kapracondang pra wadya begasaan

Gyo sumingkir podo tinggal glanggang
Kasoran pamoring sang nata
Bumi djawi rahayu kinanti ing dumugi
Lamun katumbalan iklhas ing budi
Gyo bali minturut dawuh
Soho piwulang ing werda suci
Sakawit sadya puniko
Hamung kinaryo hangunduh wohing pakarti

Tansah ngunjuk syukur mring Ilahi
Saperlu rahayu awak mami
Sabab tanpo rowang sanak kadang bakale ngrewangi
Manowo taksih nandang pacobi
Hamung Iman soho setyo ing janji
Mring dawuhing guru sejati bakale bisa
Wujudake manunggaling kawula Gusti
Inggih puniko margi ingkang bakale nyentosani

KIDUNG ATI TANGISE BUMI

Bumine nangis, Eluhe lumpur agawe giris
Bumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhu
Bumi wis tuwa jare kiyamat wis arep teka
Iki pratandha bendune sing Maha Kuwasa.

Bumine sambat gununge gundhul alase dibabat
Bumi lara ati banjir bandhang anggegirisi
Ujare wong pinter alas sing subur minangka pager
Pagering bumi murih alam tetep lestari.

Aduh Gusti kula nyuwun pangapura
Kula niki sampun kathah dosa
Aduh Gusti Ingkang Maha Kuasa
Nyuwun luwar saking godha pangrencana.

Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal Bangsa
Aja conkrah lan aja sulaya
Bareng urip golek dalan padhang
Sujud sukur wonten ngarsane Pangeran.

Kidung ati pangruwat Bangsa sak Nagari
Mangga ndedonga dahuru inggala sirna
Cancut gumregut bebarengan mbangun Praja
Lestarekna alam murih bumine ora murka.

WIJINING URIP

Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.

Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.

Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.

Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh .

Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung .

Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi, lir kaca dinulu .

Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.

Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.

Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.

Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.

Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.

Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.

Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.

Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.

Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.

Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.

Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.

Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.

Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.

Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung,

Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.

Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.

Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.

Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge, pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.

Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra.

Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.

Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH


Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.

Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.

Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.

Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!

Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.

Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).

MISTIK KEJAWEN

Wiwit jaman kawuri bebrayan Jawa diwernani mistik

Wong Jawa kang ateges manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan kenthel diwernani kabudayan Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni antarane jagad gedhe (makrokosmos) lan jagad cilik (mikrokosmos).

Kanggo nggayuh iku, wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen kanggo nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane sukma. Laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen iku tumrap saperangan warga bebrayan isih nuwuhake pradondi.

Ana saperangan warga bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa ritual mistik kejawen iku ora salaras kalawan majune jaman saiki, ora laras kalawan logika, lan akeh kang mbiji laku mistik kejawen iku ora salaras kalawan ajaran agama.

Kayadene terminologi dhasar ing laku mistik kejawen kang sinebut keblat papat lima pancer lan manunggaling kawula gusti wiwit jaman kawuri wis nuwuhake pamawas kang beda-beda. Lumantar buku Mistik Kejawen, Sinkretisme, Simbolisme dan Sufisme dalam Budaya Spiritual Jawa, weton Narasi, Yogyakarta, Suwardi Endraswara njlentrehake bedane panemu lan pitakonan kang gegayutan kalawan ritual mistik kejawen.

Ing buku kang wis kacithak kaping papat wiwit babaran sepisanan ing taun 2003, panganggit, Suwardi Endraswara, uga njlentrehake piwulang-piwulang filsafati lan wejangan mistik saka para tokoh kang wis dadi legenda. Antarane yaiku Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga.

Ing wiwitan buku, dijlentrehake asal usule kejawen. Miturut andharan ing buku iki asal usul kejawen kawiwitan saka tokoh misteri aran Sri lan Sadono. Sri iku panjilmane Dewi Laksmi, sisihane Dewa Wisnu lan Sadono iku panjilmane Wisnu dhewe.

Dewi Sri lan Wisnu iki, miturut andharan ing Tantu Panggelaran pancen tau diprentah mudhun ing ngarcapada lan dadi leluhure manungsa ing tanah Jawa. Dewi Sri nitis marang Dewi Candrakirana saka krajan Daha. Dene Sadono nitis dadi Raden Panji.

Saka crita mula bukane manungsa Jawa adhedhasar crita ing Tantu Panggelaran iku wis nuduhake yen wiwit jaman kawuri bebrayan kejawen pancen akeh ngugemi lan cedhak kalawan mistik. Laku lan paugeran mistik wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa.

Mistik Sri lan Sadono iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake keyakinan lan tradhisi patung cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan paugeran kuna kang dadi pathokan kang raket gandheng cenenge kalawan mistik Sri-Sadono yaiku falsafah Ajisaka.

Ajisaka ateges cagak utawa saka guru kang nyangga lan ndadekake santosane jiwa manungsa, yaiku religiusitas. Religiusitas Jawa ora liya mistik kejawen. Mistik kejawen mujudake saka guru urip lan panguripane kejawen. Karana iku, kejawen tanpa mistik ateges ora sampurna kejawene. Kejawen lan mistik wus nyawiji dadi wujude religi mistik kejawen.

Kejawen lelandhesan crita Sri-Sadono dianggep makili jaman nalika manungsa Jawa isih bodho. Nalika Ajisaka tumeka ing tanah Jawa, bebrayan Jawa ngancik dadi bebrayan kang duwe ngelmu. Ya Ajisaka iki kang sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa. Ajisaka didunungake minangka tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli.

Bebrayan kejawen kang maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna golongan lan tradhisi ing panguripane wong Jawa. Malah ing sanjerone akeh paguyuban-paguyuban kang tansah ngrembug alam uripe. Paguyuban-paguyuban iku luwih asipat mistis lan adhedhasar konsep rukun. Pawitan dhasare komunitas iki mung arupa tekad lan niat kang padha kanggo nguri-uri tradhisi leluhur. Saben tlatah kejawen uga duwe paugaren mligi. Saben tlatah duwe kosmogoni lan mitos dhewe. Mitos-mitos ing saben tlatah kejawen iku ana kang didadekake keblating urip, dipuja lan disuyuti sarta didunungake ing papan kang mligi ing jagad uripe.

Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe. Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.

Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.

Tradhisi kejawen uga asipat lentur lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli. Ana candhake.

Akeh pepundhen Jawa kang sugih pengalaman mistik

Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe.

Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.

Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.

Tradhisi kejawen uga asipat luwes lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli.

Sarujuk apa ora, Syekh Siti Jenar wis mernani jagad mistik kejawen. Mistik kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar pancen nuwuhake pradondi nganti tumeka saiki. Apamaneh nalika dheweke ngrembug babagan Gusti Kang Maha Kuwasa lan babagan pati.

Ana saperangan bebrayan nganggep piwulang mistik saka Syeh Siti Jenar kalebu kaku, mistike akeh sing landhep dudu sing alus. Ana uga bebrayan kang ngecap yen dheweke iku nganut ajaran kang ora bener, nerak paugeran agama Islam kang disebarake para Walisanga.

Tokoh mistik kejawen Ki Ageng Soerjamentaraman kalebu paraga mistik kejawen kang prasaja. Pengalaman uripe kebak mistik. Uripe kang prasaja sejatine uga perangane mistik. Kekaremane ngumbara, nyepi lan nekani papan-papan kang wingit uga mujudake laku mistik kang asipat implementatif.

Ki Ageng Soerjamentaraman asale saka njeron beteng (wewengkon Karaton), yaiku putrane Sri Sultan Hamengkubuwono VII lan BRA Retnomandojo. Pengalaman mistike kabelu ngedab-edabi. Uripe kebak laku lan prihatin. Karana iku ing sawijining wektu dheweke mbatin,”Seprana-seprene aku kok durung tau kepethuk wong”.

Dene tokoh mistik Syeh Amongraga kang ora liya putrane Sunan Giri, ing uripe akeh nyinau agama Islam kang kebak tasawuf. Amongraga sinau agama Islam ing pesantren Karang Banten, gurune Syeh Ibrahim bin Abu Bakar. Kridhane ngudi ngelmu tasawuf iku kang ndadekake dheweke antuk ngelmu kejawen, yaiku campuran antarane Islam lan Jawa, kondhang sinebut ngelmu tuwa.

Saka Walisanga, Sunan Kalijaga mujudake wali kang dadi pepunden ing bebrayan Jawa. Nalika nglakoni kuwajibane minangka wali, Sunan Kalijaga bisa migunakake cakrik dakwah cara estetik-sufistik. Sunan Kalijaga kasil ngemonah mistik kejawen saengga katon alus.

Ing babagan ngibadah, Sunan Kalijaga ngripta jeneng panakawan ing wayang kulit purwa. Semar saka tembung Arab simaar utawa ismarun, tegese paku kang ngadhut filosofi piranti kanggo nancepake barang supaya kuwat, ora mingkuh lan kenceng. Nala Gareng saka tembung Arab nala (nampa) kang ing Basa Jawa ateges ati lan khairan (tumindak kang apik).

Petruk saka tembung Arab fatruk (tinggalna), yaiku tinggalna samubarang kang ala utawa nahi munkar. Lan Bagong saka tembung Arab baghoo, tegese nimbang antarane rasa lan pikir, antarane sing ala lan sing apik, antarane sing bener lan sing kleru.

Saliyane ngandharake para paraga mistik kejawen kang menjila kayadene Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga, panganggit buku, Suwardi Endraswara, uga njlentrehake maneka laku lan tata cara ing jagad mistik kejawen.

Semedi mujudake rodhane mistik. Ing semedi iki nglibetake rasa kang sejati. Ngelmu rasa sejati iki bisa kagayuh kanti eneng, ening, enung lan nir ing budi utawa suwung. Laku iki kang sinebut semedi, yaiku nyepi, mati raga, mesi raga saengga kuwawa nemokake Gusti Kang Maha Kuawasa ing atine utawa rasa pangrasane.

Laku tapa mujudake mesin mistik. Tapa kang dikarepake yaiku tata cara urip kang tansah diwernani laku-laku spiritual kayadene tapabrata, tirakat, ngurang-ngurangi lan laku liyane. Laku tapa iki dilakoni kanthi cara mutih, nglowong, ngepel, ngebleng lan sawenehing laku tapa liyane.

Tata cara ing mistik kejawen liyane yaiku ngraga sukma. Ngraga sukma ing mistik kejawen mujudake laku kanggo nggayuh kasunyatan. Ngraga sukma utawa mati sajroning ngaurip uga mujudake dalan lempeng tumuju Gusti Kang Maha Kuwasa. Karana iku ngraga sukma kagolong pengalaman kang asipat subyektif.

Wusanane, mistik kejawen diakoni apa ora pancen dadi perangan uripe bebrayan Jawa. Laku mistik apadene kapercayan mistik tuwuh, ngrembaka lan dileluri jumbuh kalawan uripe kabudayan ing bebrayan Jawa. Pradondi kang tuwuh ora mahanani matine mistik kejawen.

MEMAYU HAYUNING PRIBADI

April 1, 2009

– 01 –

Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”. Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupana, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.

Terjemahan bebas :

Di segala hal jangan terlalu bisa (sok tau) untuk memastikan, sebab banyak kejadian yang sangat buaaanyak sekali penyabab faktor kejadiannya yang bisa menyebabkan hal yang tak terduga efek samping dari hal tersebut. Seperti sebuah kata kata bijak yang pernah ada,”(bahwa) yang disebut manusia itu memang kewajibannya untuk selalu berusaha, akan tetapi kepastian adalah (tetap) selalu di tangan Tuhan yang Maha Tau”. Jadi, tidak semestinya kalau manusia itu mengetahui perihal perihal yang belum terjadi, kalaupun dapat (kesempatan) untuk mengetahuinya sebaiknya tidak diberitahukan kepada setiap orang secara jelas dan gamblang, sebab ketika digunakan untuk keperluan yang tidak baik akan mencelakakan yang memberi tahukan dan yang diberitahu (yang mengunakan untuk keperluan tidak baik).

– 02 –

Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan: “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.

Terjemahan bebas :

Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yang sangat indah dalam sebuah kehidupan, sama seperti sebuah perkataan yang umum diucapkan : “(berlaku) sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “jalan surga”, yang dimaksud disini adalah ketentraman dan kedamaian (dalam menjalani kehidupan)”. Sabar, adalah “seperti” kemampuan untuk membawa segala macam percobaan dalam menjalani kehidupan yang akan bisa untuk mendewasakan diri. (akan tetapi kesabaran itu) juga bukan berarti tidak mempunyai pengaharapan di kerenakan “tidak berdaya lagi” untuk berjuang demi sebuah harapan, Lawan katanya (adalah) malah terlalu besar dalam sebuah harapan dan (berharap) seolah olah mampu untuk mendapatakan apa saja yang ada di dunia ini (tanpa disertai rasa mawas diri dan kesabaran).

– 03 –

Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa “Sapa sira sapa ingsun” tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha. Elinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.

Terjemahan bebas :

(ketahuilah) Keadaan di dunia ini tidak ada yang tetap abadi, selalu berubah dan bergerak, Jikalau dirimu kebetulan “mempunyai” harta kekayaan dan “sedang menjabat” (jabatan/berpangkat dalam sebuah pekerjaan) jangan terus merubah kebiasaan dengan tidak menghargai orang lain (menganggap remeh orang lain), selalu mengedepankan (kemampuan) kekuasaan nya untuk berbuat se-mau gue kepada setiap orang tanpa mau menghiraukan orang lain, Ingat (kepastian dari Sang Pencipta) kalau kekayaan itu gampang sekali jalan nya untuk hilang, Jabatan sewaktu waktu juga bisa tidak kita jabat lagi (sebab jabatan itu adalah titipan).

– 04 –

Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake ing donya iku sejatine mung dadi lelantaran melu urun-urun tetulung marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.

Terjemahan bebas :

Sebaiknya selalu dilakukan ketika orang yang lagi mendapatkan “keberuntungan” dan mendapat “kebahagiaan” itu selalu tetap ingat dan selalu mengucapkan rasa syukur kepada yang Maha Mamberi. Selalu ingatlah (kepada kesabaran / “kebijaksanaan”/ “jalan utama menuju surga”) jika selalu melakukan berbuat seperti itu, selain bisa untuk menghilankan watak sombong juga bisa menerangkan pada diri kita sebuah rasa perasaan ikut merasakan perasaan bahwa manusia itu di lahirkan di alam dunia fana ini sebenarnya cuman menjadi “jalan” atau sebab untuk selalu menolong dan membantu kepada semua hal yang menjadi ciptaan Sang Semesta. (selalu) memberatas segala kesusahan/kesengsaraan jikalau diteruskan menjadi besar (akibat dilakukan terus menerus) adalah merawat dan memelihara kedamaian Dunia.

– 05 –

Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apamaneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndhongak mracihnani yen kothong tanpa isi.

Terjemahan bebas :

Janganlah selalu menonjol nonjolkan segala macam kelebihan anda, apalagi selalu memamerkan kekayaan dan kepandaian anda, hasilnya perbuatan seperti itu hanya membuat dirimu menjadi cibiran orang lain dan dianggap ga penting gitu hloo…. lebih baik ikutilah perilaku dari tumbuhan padi (wet paddy bahasa linggis nya… hehehehehehe), padi yang berisi pasti merunduk (maksudnya munkin adalah mengedepankan sopan dan santun), padi yang belum merunduk menandakan bahwa padi tersebut kosong tanpa isi pada bulir padinya (kesombongan sebenarnya adalah keinginan untuk selalu diakui orang lain tanpa adanya penghargaan kepada orang lain).

– 06 –

“Rumangsa sarwa duwe” lan “sarwa duwe rumangsa” iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepinginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.

Terjemahan bebas :

Merasa selalu mempunyai (segala hal) dan selalu “merasa” memiliki perasaan (terhadap banyak hal), itu kalau ditulis jelas hanya cuman di bolak balik saja, akan tetapi sebenarnya artinya berbeda jauh ibaratkan bumi dan langit. (arti) Kata yang pertama menjelaskan watak yang selalu menonjolkan, (sifat) bengis dalam segala perbuatannya, jikalau ingin mencapai sebuah keinginan selalu mengunakan berbagai macam cara, semua perbuatan yang tecela pun dilakukannya untuk mendapatkan keinginan nya. Sedang yang kedua artinya adalah penuh dengan belas kasih, (mengutamakan) kebijaksanaan di setiap perilaku, merasa berdosa jikalau melakukan perbuatan yang membuat orang lain tersakiti/kecewa/sedih/rendah diri.

– 07 –

Nadyan wesi iku kanyatane pancen atos, ewa semono yen wis ketrajang ing taiyeng ya bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga kelangan greget lan lumuh makarya. Wusanane pepes atine kentekan pengarep-arep.

Terjemahan bebas :

Walaupun besi itu pada kenyataan nya memang keras, akan tetapi jikalau sudah “terkena” karat ya bakalan menipis habis. Begitu juga yang berlaku pada manusia yang terkena persaan iri hati, hatinya sedikit demi sedikit bakalan menipis, selalu merasa bahwa dia selalu tidak mendapatkan keberuntungan, sehingga kehilangan semangat dan daya juangnya untuk bekerja dan berkarya, hasilnya akhirnya hatinya menjadi kecil dan kehabisan harapan (dalam membangun impian-nya).

– 08 –

Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah elinga rong prakara iki :

Terjemahan bebas :

Jikalau anda secara badaniah dan rohaniah (ingin) tetap mendapatkan kesehatan dan kesalamatan, selalu ingatlah dua perkara ini :

– a –

Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk, dithinthingi luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa ora.

Terjemahan bebas :

Selalu untuk menjaga/mencermati segala hal yang sifatnya informasi yang kita terima dari orang lain, dicermati dan ditimbang lebih dahulu kebenaran dari informasi tesebut, sehingga kita tidak salah dalam mempercayai sebuah informasi yang di berikan kepada kita, sebab kesalahan dalam mendapatkan informasi bisa menyebabkan kita menjadi (berbuat) salah dan menyimpang.

– b –

Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.

Terjemahan bebas :

Biasakan untuk berpikir lebih dulu tentang segala hal yang akan anda ungkapkan. Inti pointnya adalah pikirkanlah lebih dahulu dengan sebaik baiknya apa yang akan anda sampaikan, jangan sampai penyampaian anda membuat anda tidak disukai orang lain dikarenakan penyampaian anda membuat sakit hati orang lain, maka sebaiknya pertimbangkan lah dahulu segala sesuatunya. Jikalau tidak ada manfaat nya (bagi kita dan orang lain), lebih baik jangan (diteruskan) sebab bila diteruskan akan mendapatkan caci maki dari orang lain.

– 09 –

Digedhongana dikuncenana kayangapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maweh peling marang kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apamaneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad, semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa.

Terjemahan bebas :

(walau bagaimana pun) Cara bersembunyi nya, akan tetapi setiap orang itu kalau sudah di kodratkan dan sudah datang nya “waktu” dari kodrat tersebut (atau pun) ajal (waktu kematian), tidak akan dapat dihindari. (contoh seperti) hal ini memberikan sebuah peringatan kepada kita (semua), kalau manusia itu tidak mempunyai kuasa terhadap badan (pertumbuhan tubuh manusia) dan umur (nyawa manusia). Apalagi yang berbentuk barang (diluar tubuh manusia) yang hanya merupakan sebuah titipan contohnya seperti derajat, pangkat yang tinggi, (penilaian orang lain terhadap) keluhuran (perbuatan kita), kekayaan/harta benda, dan posisi penting (yang dia miliki). Oleh sebab itu janganlah takabur (berpikir semuanya mampu dilakukan sendiri), sombong terhadap kemampuan yang dimiliki dan memandang rendah orang lain yang tidak mengerti, Sebab masih ada penguasa segalah hal ( Sang Semesta) yang lebih berkuasa terhadap hal apa pun.

– 10 –

Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi. Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mangkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut, nyingkiri sadurunge kesandhung bilahi.

Terjemahan bebas :

Mempercayai sebuah informasi jikalau tidak ditimbang dan diteliti (terlebih dulu) pasti akan bisa menyebabkan bencana (diakibatkan kesalahan pemahaman kita). Oleh sebab itu menahan diri untuk tidak gampang terpikat pada sebuah informasi yang tidak jelas kebenarannya, sudah termasuk cara dalam mencegah kesalahan kita dalam berpikir dan bertindak. Oleh sebab itu gunakan lah cara yang baik untuk mendapatkan sebuah informasi (yang benar), (cara tersebut adalah) menahan diri untuk tidak gampang mempercayai sebuah informasi (ketika kita sendiri tidak bisa/mampu membuktikan nya), memperbanyak informasi (wawasan yang lain) sebelum kita mempercayai informasi tersebut, (melakukan perbuatan untuk) tidak mempercayai sebuah informasi ketika kita mempertimbangkan dengan masak yang disertai alasan alasan yang jelas bahwa informasi tersebut akan menjerumuskan kita kepada sebuah hal yang salah.

– 11 –

Kamulyan lan kanikmataning uripe wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.

Terjemahan bebas :

(ingatlah bahwa) Kemakmuran dan sebuah rasa nyaman (dan kenikmatan) seperti yang dirasakan orang orang yang kaya tersebut (sebenarnya adalah) di dapat dari memeras jerih payah rakyat yang buaaaanyak di bawah batas ambang kemiskinan.

– 12 –

Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amung akarana Allah. Ora cilik ati, gedhene ngrasa owel ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe. Nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening liyan, iku pratandha yen pangidhep lan pangibadahe durung akarana Allah.

Terjemahan bebas :

Yang disebut manusia yang sudah mendapatkan “kedewasaan yang sejati”, yaitu adalah manusia yang benar benar (secara jasmani dan rohani) menghadap pada jalan Ilahi (jalan kebenaran) (jalan kebahagian Abadi) (jalan yang sudah di kodratkan oleh Tuhan yang Menciptakan segala hal). Manusia yang seperti itu adalah adalah manusia yang mengerjakan segala dengan hati tulus, kesemuanya (pekerjaan dan perilaku manusia tersebut) hanya karena kecintaan nya kepada Sang Semesta/ Sang Pencipta Segala Hal/ Allah/ Tuhan. Tidak pernah (merasa) berkecil hati, kalau pun (merasa) kecewa, hal itu disebab kan karena perilaku dirinya sendiri yang dia anggap mengecewakan. (akan) Tetapi sebenarnya hasil perbuatannya bisa membuat “perbaikan” (perubahan kearah yang baik) yang bisa dirasakan oleh semua hal/bentuk sesama ciptaan Sang Maha Pencipta. Kebalikannya (adalah) manusia yang menjalakan (memamerkan) segala perbuatan – perbuatan baiknya disebabkan karena ingin dipuji/dihargai oleh orang lain, itu adalah tanda bahwa manusia tersebut melakukan segala hal bukan kerena kecintaan nya kepada Sang Maha Pemberi.

– 13 –

Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah. Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning dumadi.

Terjemahan bebas :

Melakukan segala hal yang bersifat mendekatkan diri kepada Sang Pencipta itu sebaiknya jangan “hanya” dipakai untuk supaya keinginan mu terpenuhi/tercapai, tetapi (sebaiknya) lakukan lah hal tersebut (mendekatkan diri kepada Sang Pencipta) hanya karena anda ingin merasa dekat dengan Sang Pencipta. Sebab biasanya orang yang “hanya” meminta keinginan-nya saja kepada Sang Pencipta dengan “jalan” meminta terus menerus (hanya dikarenakan keuntungan pribadi), kemudian terkabul/terlaksana keinginan-nya, biasanya orang tersebut menjadi meremehkan (menganggap gampang/menggampangkan) segala hal tentang ketentuan dan kebikjaksana-an Sang Pencipta. (bisa) Disebut masih (ber)untung (sebab cuman menganggap segala hal mudah) jika tidak orang tersebut bukan cuman menganggap segala hal mudah akan tetapi malah terjerumus pada sikap sombong senang meremehkan kepada segala hal ciptaan dari Sang Pencipta.

– 14 –

Ana sawenehing wong kang duwe penganggep menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran. Nanging wong mau sajak lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora pracaya marang anane dhewe dene nganti awake lair ana ing donya. Nanging yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.

Terjemahan bebas :

Ada sebagian komunitas (orang) yang mempunyai anggapan bahwa meminta pertolongan Sang Pencipta Segala Hal itu tidak ada gunanya (tidak ada manfaatnya). Disebabkan Sang Pencipta itu Maha Adil dan Maha Mengerti sehingga tidak akan memberikan/mengabulkan “permintaan” manusia manusia yang tidak pantas untuk diberikan/dikabulkan permohonan nya. Akan tetapi sepertinya orang orang seperti itu sepertinya lupa kalau Sang Pencipta Segala Hal tersebut Maha (ber)Belas dan Maha (peng)Asih. Ada juga sebagian komunitas (orang) yang tidak percaya kepada adanya Sang Pencipta Segala Hal, (hal itu sama saja) seperti tidak mempercayai kepada “perjalanan” dia sendiri sampai dia dilahirkan kedalam alam fana ini. Akan tetapi biasanya orang orang seperti itu bila terkena masalah dan pikirannya sudah buntu, biasanya malah tumbuh dari dalam hatinya kalau “Sang Maha Penguasa Segala Hal” itu ada dan kemudian malah memohon “sesuatu” kepada Nya.

– 15 –

Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana panglantih kang tumemen lan ora bosen. Klawan mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna. Mangkono ora ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.

Terjemahan bebas :

Orang yang terbiasa berlatih mengheningkan cipta kepada focus yang “murni” pada saat hatinya tenang, setahap demi setahap dan dilalui dengan tekun dan terus menerus, (kemudian) dikeranakan kebiasaan yang dilatihnya, orang tersebut akan bisa mengheningkan cipta juga disaat hati kalut dan bingung, dan ketika “bisa” (melakukan mengheningkan cipta disaat hati kalut dan bingung) kemudian terbiasa yang disebabkan dilatih secara terus menerus, maka orang tersebut akan “bisa” mengheningkan cipta dimana saja dan dalam kondisi apa pun. Sebab semua “hal itu” (mengheningkan cipta) adalah sebuah “cara” yang harus dilakukan berulang ulang dan dijadikan sebuah kebiasaan, sebuah cara berlatih (dengan) bersungguh sungguh dan menghilangkan sebuah “rasa” bosan (pada diri kita). Dengan cara tersebut semua hal yang tadinya terasa sulit dan berat akan hilang/musnah. Kesemuanya itu tidak ada bedanya kalau kita ingin berbuat sebuah hal yang “luhur” (baik), haruslah dengan cara berlatih terus menerus menghilangkan rasa/perasaan bosan (pada diri kita).

– 17 –

Yen pinuju wayah wengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau ?

Terjemahan bebas :

Ketika disaat malam hari kemudian kita melihat ka angkasa yang terang (diterangi berbagai bintang), kita akan melihat sepenggal dari penampak-an alam, gemerlap langit yang diterangi oleh banyaknya bintang bintang yang berkedip, (bintang) besar (dan) (bintang) kecil seperti sudah tertata tempatnya, angin (berhembus) sepoi sepoi menggerakkan pepohonan dan dedaunan yang membawa harumnya bau berbagai macam bunga. Yang seperti itulah sebenarnya yang bisa menimbulkan sebuah rasa perasaan yang tentram di dalam bathin kita. Akan tetapi lebih dari itu, apa hal seperti itu tadi bisa menggerakkan kita terhadap ke agungan Yang Maha Agung yang sudah menata segala hal tersebut?

KAWERUH

Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos.

Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi ebahing indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan nggrayangi.

Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa monceripun mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands oefeningen.

Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening raos hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertos punika ingkang dados dhasaring kaweruh. Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken pangertosan.

Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung saking ngapalaken utawi nirokaken isining buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos Jawi upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang.

Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak, boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah purun nyobi madosi piyambak jawaban saking pitakenanipun kalawau.

Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun kitanyinau kaweruh. Awit saking punika kaweruh lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten bukti mawujud nyata wontenipun lan saged dipun buktekaken kanthi limrah, pinanggih ing nalar saha encering pikir.

Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi, sadaya kedah dipun dhasaraken barang ingkang mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang dipun betahaken kangge nyinau kaweruh, saking tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi nyata weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar ing wingking]. Sapunika badhe kula lajengaken malih anggen kula gendhu-gendhu rasa bab kaweruh, mliginipun kaweruh bab nalar.

Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang madosi dhateng hukum-hukumipun pikir. Nalar gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi teknikipun mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh bab nalar punika dipun wastani logika, saking tembung logos ingkang ngemu teges piwulang kangge cara mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah supados boten mlesed.

Pramila logika ugi dipun wastani piwulang bab rasio utawi perbandingan, amargi logika saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang mastani *anu* dipun gandheng kaliyan *anu* sanesipun, ngantos nuwuhaken pamanggih.

Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun wujudaken mawi tembung/ukara/basa. Logika lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi dhateng ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi zhang-zhanganipun, inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan pun *anu* sanesipun wau, cocog miturut nalar punapa boten.

Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut paramasastra, nanging isinipun ukara sok saged cocog lan sok ugi saged mlesed kaliyan kanyatanipun. Ingkang dipun wastani cocog manawi boten mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul kaliyan pangertosan [upaminipun: pasagi-bunder], utawi boten laras malah congkrah kaliyan pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].

Logika boten madosi kasunyatan awit punika sanes wajibipun. Madosi leres utawi ngudi dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang mligi namung madosi bener tumrap bageyanipun], dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi bener tanpa wates, umum, mutlak.

Logika namung dados prabot kangge nitipriksa lampahing pikir ingkang leres. Tiyang saweg saged madosi kasunyatan utawi sejatining bener manawi anggenipun ngedalaken pamanggih wau boten nalisir saking nalar, inggih makaten punika ingkang dipun wastani lampahing pikir ingkang leres. Ngantos dumugi pundi pentog wohipun pikir, punika boten dados obyek wawasanipun logika.
Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak ingPawartos Jawi mriki riptan asesirah Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif utawi ngorakaken/negatif, dados saged ya utawi ora, inggih punapa boten [manawi ngedalaken pamanggih mbokya aja karo ngeden].

Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang tiyang sanes boten kedah sarujuk, “Lho, punika rak pamanggih panjenengan, manawi miturut kula boten makaten …”, sanadyan ta anggenipun ngedalaken pamanggihipun wau kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.

Dados pamanggih punika namung mahyakaken *mbokmanawi*, sanes barang ingkang sampun tamtu kasunyatanipun [they express probabilities rather than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten* [they are subject to doubt].

Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman ingkang dipun alami piyambak. Manawi tiyang kathah ugi nggadhahi pengalaman ingkang sami lan hasilipun inggih sami, lajeng pengalaman wau dipun wastani pengalaman obyektif, awit wonten cundhukipun antawisipun pengalaman subyektif lan obyektif ngantos tiyang saged ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan pamanggih mawi dhasar nalar.

Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang mlesed. Wonten ing babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken pundi ingkang leres lan pundi ingkang klentu sarana nalar. Wonten ing pikir, tiyang saged mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan mlesed. Kangge ngedalaken pamanggih, tiyang saged mastani manawi positif [ya/ngaku/ngantebaken]: godhonge ijo. Utawi manawi negatif/ora/selak/ngorakaken: godhonge ora ijo.

Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun nyata utawi nyatanipun] pancen kados ingkang dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana positif, punika genah nyata/konkrit, upaminipun: ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika ijo, nanging saged ugi dipun terangaken manawi *ora ijo* punika saged nggadhahi teges warni-warni, waton boten ijem.
Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika tamtu mawi dhasar keyakinan ingkang leres sampun kados makaten punika wontenipun, tegesipun tiyang wau nggadhahi kemanteban tumrap bab ingkang dipun pikir, dene pamanggih wau saged nggambaraken keyakinanipun.

Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling bab punika *saged kelampahan*, *boten saged kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*, utawi *saged kelampahan dados saestu*.

Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu ugi *saged kelampahan*, dados boten dipun endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing salebetipun kawontenan ingkang kados punapa kemawon.

Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan dados saestu*, punika ugi tansah kadosa pundi kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe kelampahan.

Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*, punika boten saged kelampahan kanthi kados punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan*, punika wonten warni-warni caranipun *kinten-kinten* saged kelampahan. Watesipun *kinten-kinten* wau celak kaliyan *kedah kelampahan*, nanging tamtunipun boten saged sami kaliyan *kedah kelampahan* wau.

Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika tansah *saged kelampahan*, nanging punika watesipun celak kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*, nanging ugi boten saged sami kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*. Manawi ingkang *saged kelampahan* punika *saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng dados *nyata*.

Punapa ingkang sampun nyata saestu, punika tansah kadosa pundi kemawon sampun kedah makaten. Manawi punika boten saged dipun tampi, sadaya ingkang nyata badhe ical sesambetanipun kaliyan ingkang rasional. Dados ingkang *kedah kelampahan* punika ugi nyata badhe dados nyata lan punika *kedah kalampahan*, wonten ing kawontenan ingkang kados punapa kemawon.

Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata, punika inggih *kedah kalampahan*, sanadyan gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken [dipun ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah dipun dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal ing mripat, upaminipun: godhonge ijo. Pamanggih wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu. Tanpa keyakinan ingkang sentosa/pasti wau, tiyang boten saged mikir miturut nalar/logika.

Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten leres jalaran mripatipun goroh, nanging pamanggih wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi dados cocog. Nanging *caranipun* ngedalaken pamanggih boten lepat, awit sanadyan pancadriyanipun boten saged dipun pitados satus persen, nanging pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng keyakinanipun.

Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih taksih pe-dhe bilih kawontenan wau inggih kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika dados dhasaripun sedaya cara mikir [ingkang cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika satunggaling pamanggih saged ngengingi bab ingkang boten kedadosan utawi bab ingkang dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten wau taksih nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu* punika ugi nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang mesthi*, lan wonten *tamtu ingkang mesthi boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi* bilih sebageyan punika langkung alit tinimbang kaliyan wetah [the whole should always be greater than any of its parts], punika minangka tuladha tamtu ingkang boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun sampun gumathok. Punika saged damel conto manawi badhe ngrembag bentenipun punapa ingkang namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged kawastanan *kaweruh *.

Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang saweg dipun pikir punika njalari kita mikir kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten saged dienyang malih. Anggen kita mikir madosi jawabanipun arahipun tumuju dhateng jawaban ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun malih. Mila jawabanipun boten saged dipun lebetaken dhateng ewoning pamanggih pribadi malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk utawi sami pamanggihipun bilih saperangan punika mesthi langkung alit tinimbang kaliyan ingkang taksih wetah.

Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos bebas anggen kita mikir madosi jawabanipun, punika taksih winates arupi pamanggih, dede kaweruh. Minangka tuladha: “Punapa tiyang Jawi remen dhahar gudheg?” *Temtu ingkang mesthi boten* bilih loro ping loro kuwi padha karo lima. Tamtu-tamtu kados nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak lan tumrap barang-barang ingkang wujudipun sarana dipun sukani pangertosan/definisi, mila abstrak/boten nyata.

Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata. Wonten ingriku, sanadyan tamtu, nanging taksih wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung lelimengan, kula sanjang “Wah udan”, sanadyan kula saged lepat, nanging sekedhik sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu, mesthi udane. Nanging sanadyan namung sakedhik, kula ugi saged mlesed, sareng wonten angin ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah … weee ngapusi mendhunge!

Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu kenging dipun temtokaken nyata saestu, upaminipun: sepur Taksaka mangkat saking Yogya tujuwanipun dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging dipuntemtokaken nyata saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun badhe dumugi Jakarta.

Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih katemtuan wau gumantung saking ingkang ngendika piyambak. Upaminipun kados conto kula ing ngajeng: “Wah hawane kok adhem biyanget”, kamangka ingkang dipun ajak wicantenan saweg kringeten gobyos.

Dados saged dipun tetepaken bilih wonten ing babagan konkrit/nyata, bab tamtu punika taksih saged dienyang, nanging wonten ing babagan ingkang abstrak/boten nyata, bab tamtu punika sampun boten saged dipun awis malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging, sepisan malih nanging … manawi sampun sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun, manawi pangertosanipun boten saged sami, wonten ing babagan abstrak wau ugi boten wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.
Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg rumagang ing damel, ingkang saweg suka parisuka sasampunipun pikantuk suka bebungah saking akathah, ingkang gesangipun nyawo glethak namung dalederan tansah dhahar tuwin nendra kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran sumendhe dhateng kodrat, wewengan, wewarah, sasmita, lumantar acara-acara ritual, lan sapanunggalanipun.

Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu umik-umik ngungelaken aji-aji tan ana ajine:

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang-towang, kalilanana ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut ceciblon penak seger munyer-munyer mak serrrr, sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, sanadyan namung badhe sinurak hambata rubuh kabalang tetembungan nonjok wadhuk nyogrok tenggak dening para *sutresna* budaya ingkang anggung memardi mardawaning budaya luhur, nanging pangandikanipun sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak sajak ngemu groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa dene salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman gagrag enggal, puput pepet pepunthoning nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh ngidak-idak asmanipun asanes ing sangajengipun akathah, nama tiyang pancen sampun remuk rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat keparat!

Murih boten sangsaya kapanjangan panglantur kula, prayoginipun kula lajengaken malih nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.

Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan Ngira Weruh

Tataran Nyata Weruh

Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi prapatan ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk gandheng, becak jempalik, penumpange wutah, tangise mutri Cina, sambate wedhus Jawa, gelasaran melas asih. Kaweruh kula ing inggil wau nama tuwuh saking temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana manoni piyambak prastawa utawi kedadosanipun, dede saking tembung jare.

Kaweruhipun tiyang ingkang saking nyata weruh utawi temen weruh, punika kaweruh ingkang tuwuh saking panyrawungipun pancadriya kita dhateng jagad gumelar. Kaweruh ingkang asalipun kados mekaten punika, tiyang sinten kemawon manawi dipuntakeni jawabanipun mesthi sami, sauger tiyang wau taksih waras utawi boten gothang salah satunggaling pancadriyanipun, upaminipun: es punika asrep, sarem punika asin [yen duwe karep mbok aja isin-isin].

Tataran Ngaku Weruh

Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni bilih bumi punika bunder radi lonjong sakedhik. Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi porosipun, sarana makaten lajeng lumampah ngubengi surya. Dene pun sasangka lampahipun ngubengi bumi.

Kaweruh kados conto ing inggil punika nama kaweruh nyata, ingkang tuwuh saking ngaku weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau tuwuh saking muluring pamikir, tuwuh saking kamajenganing pamikiranipun manungsa.

Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten saged katuwuhan kaweruh makaten wau. Punika jalaran manawi kita namung lugu migunakaken pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika manawi dipun sawang ngangge paningal, mrika-mrika rak ketingalipun radin kemawon, namung kados klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder. Saya kok dipun cariyosaken bumi punika ngubengi surya, sangsaya boten mathuk awit ingkang genah miturut pangraosing manah kita surya ingkang ngubengi bumi.

Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos pancadriya lan raos pangraos. Nanging sareng tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu kraos, ngertos manawi bumi punika bunder, antawisipun dipun buktekaken kaliyan sinten niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun mangilen terus, jebul njedhulipun lha kok saking wetan. Ingriku tiyang tansaya kenceng anetepaken bilih bumi punika bunder.

Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya ngakeni manawi ing tembe kita mesthi pejah. Raos ngakeni makaten punika sayektosipun inggih tuwuh saking muluring pamikir, jalaran kita tansah manoni bilih sadaya ingkang asipat gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi pejah. Wekasan saking muluring pamikir kita, kita lajeng wani netepaken bilih kita sadaya punika ugi badhe nemahi pejah sanadyan dereng sumerab benjang punapa.

Tataran Ngira Weruh

*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh makaten nyatanipun pancen ora weruh, dados sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen kita mbandhingaken lajeng kula dadosaken setunggal ingriki]. Nanging sanadyan nyatanipun ora weruh, sampun dados wataking manungsa, manawi dipun peksa-peksa purih weruh inggih saged, hla lajeng ngira-ngira.

Upami wonten pitakenan, “Bab lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah punika kados pundi?” Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang inggih warni satus. Lah sayektosipun dipun punapak-punapakna tiyang boten sumerab. Mila manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun, saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun inggih glagapen. Dados agami punika sanes kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith, tiyang kantun ngandel kaliyan boten.

Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes punika ugi wonten saratipun: tiyang ingkang cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun sami, cocog kaliyan rembagipun tiyang sanes ingkang mitadosi wau.

Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah salju. Lha ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal kalih, prasasat kathah sanget, cariyosipun nggih sami, cocog boten beda-beda. Lah punika ugi kenging dipun pitados sanadyan punika taksih tembung jare. Saupami ing tembe saged tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing wanci musim asrep, kaweruhipun tiyang wau saged dados kasunyatan. Ing ngriki kaweruh wau lajeng ngancik saking tataran ngira weruh tumuju dhateng tataran nyata weruh. Sing maune mung jare, sapunika sampun saged mbuktekaken piyambak manawi ing Noo Yawk dhawah salju ing wanci musim asrep.

Makaten ugi kaweruh saking agami [saking ngira weruh], punika taksih gondar-gandir. Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran ngaku weruh sarana muluring pamikir, lan saged ugi ngancik dhateng tataran nyata weruh. Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban. Upami wonten pitakenan kados ing ngajeng, “Swarga lan neraka punika punapa pancen wonten lan kados pundi?”

Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab mawi wewaton tataran nyata weruh genah boten saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab wau tiyang gesang ingkang dereng nate pejah lan dereng nate ngalami utawi ngraosaken piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen wantun cariyos kados pundi lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah lajeng manggen ing swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi, goroh.

Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah mangkat saking wewaton tataran ngakoni weruh utawi saking muluring pamikir, awit muluring pamikir punika ugi wonten ingkang dumugi kasunyatan. Nanging kedah prayitna paseksenipun, manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih wonten in tataran ngira weruh, dados namung kapitadosan.

Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun punika pun Wakidjo. Pangakenipun Sukarjo punika sayektosipun sakawit mesthi namung ngira weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun punapak-punapakna pun Surya mesthi boten utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten, wong wiwit dereng mbrojol sampun dipun *bucal*. Sumerabipun Sukarjo punika saking ibunipun [utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken bilih Wakidjo punika bapakipun, sarta saksinipun kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang ingkang katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun dipun padosi lan saged kepanggih, nyata leres bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha ingriki kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat saking tataran ngira weruh, sapunika sampun saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.

Dados *kaweruh* agami punika prayoginipun kita tampeni kanthi muluring pamikir rumiyin, salajengipun kita kedah nyinau gladhen piyambak, ngantos saged ngancik tataran nyata weruh. Kados pundi? nyuwun pangapunten awit kula piyambak dereng dumugi ingriku.

You know, legalism has never been my strong suit. I simply don’t see the difference in the goals of the various paths. Belief can bring comfort, that’s very true, at least comforting thoughts, although it can also bring other things.

Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking Gusti hambabar daya pangaribawa ingkang tumandhuk dhumateng kawula dasih.

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls