Selasa, 16 Maret 2010

SERAT WEDHATAMA

Karya : Mangkunegara IVPUPUH IP A N G K U R01Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.02Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.03Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .04Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.05Mangkono...

Rabu, 10 Maret 2010

SASMITANING GHAIB

Sampun kawiyak warananing jagadDatan maleh hawujud pralampita sakawitDatan saget kadunungaken ing budi pra kawuloSabab handulu kahanan kamot ing sanepanPramila kawedar soho kagunggung sampunSadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran bumiKasaput bramantyaning Sang hyang hanantobogoMesu brata sampun badar ing pasepening pratapan Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto hanitih estitamaKatemah taksih karsa sesinglon rupa hambawur kawuloBumi loka taksih kebak ing waspaTanah djawi kalimput ing praharaLamun sadya piwulang luhur pra wasis datan kapidangetakenAjaran suci pra wiku lan ulama datan kaprungu sampunUjaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulamaDatan maleh kuwawa hambasuh budi candolo Ambeg angkoro datan saget kagondoliDuh, jagat kuwasaning GustiPra dasih kadya selo brakiti hamawur tetangisanKatyoso...

KIDUNG ATI TANGISE BUMI

Bumine nangis, Eluhe lumpur agawe girisBumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhuBumi wis tuwa jare kiyamat wis arep tekaIki pratandha bendune sing Maha Kuwasa. Bumine sambat gununge gundhul alase dibabatBumi lara ati banjir bandhang anggegirisiUjare wong pinter alas sing subur minangka pagerPagering bumi murih alam tetep lestari. Aduh Gusti kula nyuwun pangapuraKula niki sampun kathah dosaAduh Gusti Ingkang Maha KuasaNyuwun luwar saking godha pangrencana. Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal BangsaAja conkrah lan aja sulayaBareng urip golek dalan padhangSujud sukur wonten ngarsane Pangeran. Kidung ati pangruwat Bangsa sak NagariMangga ndedonga dahuru inggala sirnaCancut gumregut bebarengan mbangun PrajaLestarekna alam murih bumine ora mur...

WIJINING URIP

Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung. Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong. Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune. Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh . Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira...

SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH

Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas. Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti. Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama. Senadiyan...

MISTIK KEJAWEN

Wiwit jaman kawuri bebrayan Jawa diwernani mistik Wong Jawa kang ateges manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan kenthel diwernani kabudayan Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni antarane jagad gedhe (makrokosmos) lan jagad cilik (mikrokosmos). Kanggo nggayuh iku, wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen kanggo nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane sukma. Laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen iku tumrap saperangan warga bebrayan isih nuwuhake pradondi. Ana saperangan warga bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa ritual mistik kejawen iku ora salaras kalawan majune jaman saiki, ora laras kalawan logika, lan akeh kang mbiji laku mistik kejawen iku ora salaras kalawan ajaran agama. Kayadene terminologi dhasar ing laku mistik kejawen...

MEMAYU HAYUNING PRIBADI

April 1, 2009– 01 –Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”. Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupana, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.Terjemahan bebas :Di segala hal jangan terlalu bisa (sok tau) untuk memastikan, sebab banyak kejadian yang sangat buaaanyak sekali penyabab faktor kejadiannya yang bisa menyebabkan hal yang tak terduga efek samping dari hal tersebut. Seperti sebuah kata kata bijak yang pernah ada,”(bahwa) yang disebut manusia itu memang kewajibannya untuk selalu berusaha,...

KAWERUH

Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos. Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi ebahing indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan nggrayangi. Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa...
Page 1 of 612345Next

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls